Kerata basa yaiku tembung sing diothak-athik dadi gathuk karepe
tuladha:
1. wedang : gawe kadang
2. tebu : antebing kalbu
3. gedhang : digeged bubar madhang
4. tuwa : ngenteni metune nyawa
5. guru : digugu lan ditiru
6. kodhok : teko-teko ndhodog
7. kuping : kaku njepiping
Kamis, 14 Maret 2013
Rura Basa
Rura basa yaiku tembung ingkang risak nanging sampun lumrah , menawi dipun leresaken malah dados lepat
Tuladha:
1. nggodhog wedang
kudune nggodhog banyu nggo nggae wedhang
2. adang sega
kudune adang beras nggo nggae sega
3. nguleg sambel
sing bener nguleg lombok ben dadi sambel
4. menek klapa
klapa iku uwoh e , sing bener menek wit klapa
5. nulis layang
sing bener nulis nggo nggae layang
6. bunteli tempe
sing bener bunteli kedele nggo nggae tempe

Tembung Saloka
Tembung saloka yaiku unen-unen sing ajeg tembunge ngemu surasa pepindhan sing dipepindhanake uwonge
conto:
1. tunggak jarak mrajak : turune wong asor dadi linuwih
2. tunggak jati mati : wong luhur nanging cures , turune ora ana sing luhur
3. gajah midhak rapah ; wong sing nerak pranatan sing digawe dewe
4. kebo mulih ing kandhange : pangkat sing wis oncat saka waris , nanging bisa bali meneh
5. kebo nusu gudel : wong tuwo sing njaluk wuruk menyang sing enom
6. timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho digunakake yen lagi dibutuhake
7. bathok bolu isi madu : wong sing duwe kaluwihan
8. kutuk marani sunduk : wong sing njarak marang kacilakan
9. kethek saranggon : wong ala sarombongan
10.asu gedhe menang kerahe : wong sing duwe panguwasa, yen perkaran dimenangke ketimbang
wong cilik

Langganan:
Komentar (Atom)